Ngut's Inside

Connected Your Mind and Heart

Tamba Nganggur vol. 203


Wong NU ngritik NU

Tamba Nganggur volume 203 kiye nyong arep crita sing madan serius, dadi rika pada ya goli maca de madan serius. Perkara sing jenenge ‘serius’ kue kaya ngapa carane, terserah rika pada. Kader wes pada sekolah kabeh ikih lah ya?

Kiye critane babagan wong NU ngritik NU, apa iloken kelakon wong NU bisa ngritik awake dewek? Embuh lah, jajal bae kaya ngapa…

Wulan wingi, tanggal karo dinane sebut bae kelalen, taune 2011. Ceritane nyong tes pada dopokan neng Angkringan sanding Rel Sepur, karo anake kyai NU, ceritane babagan pendidikan model NU. Sekang dopokan kue nyong siki wes bisa nemu kesimpulan (sementara) bahwa wong NU jebule ora becus ngerumat lembaga pendidikan modern. Contone, nyong ya melu-melu bae karo critane gus-e wingi, sekolah berbasis Ma’arif angger debandingna karo sekolah Muhammadiyah mesti kualitase kalah adoh: embuh kue sekolahan setingkat TK, SD tekan perguruan tinggi. Apa maning angger bandingane karo sekolahan model yayasan Katolik, pokoke bumi karo langit-lah badingane. Menurut pengakuane gus-e kue, sing wes sering ngambaih pirang-pirang sekolahan seambane Ngayogjokarto Hadiningrat, angger sowan maring sekolahan Katolik mesti deweke disambut senyum-ramah dan bersahabat, pokoke ngedab-edabi. Beda karo angger dolan maring sekolahan berbasis Islam, embuh kue Muhammadiyah apa maning Ma’arif, sambutane nganggo api lain, “Kayane kue sing islami apa yah?” deweke takon maring nyong. Dasare takon aring nyong ya tek iyani bae, malah tek tambah-tambahi, “Angger apa-apa nganggo bismilah, kue mesti Islami. Embuh kue arep nyolong, ngrasani, mblunat, apa baehalah. Sing penting kue mau: bismilah”.

Secara intelektual –maksude ditinjau dari aspek intelektual— wong-wong NU pancen lewih pinter-pinter tinimbangane wong-wong Muhammadiyah, pinter tapi ora nganggo etos kerja. Ibarate pinter ndalil karo paham maring batal-hahale macem-macem hal tapi kon macul ora jegos. Arep jegos sekang endi wong aben dinane gandulan sarung bae sih yah… Sarung maning, sarung maning. Maning-maning sarung! Siki priwe bedane karo wong Muhammadiyah, jere gus-e kae wingi, nggolet kyai neng Muhammadiyah kue pancen angel, tapi sekolah-sekolah sing dikelola wong-wong Muhammadiyah bisa diacungi jempol. Ora kur sekolahan thok, tapi rumah sakite wong Muhammadiyah mbok lumayan. Njajal dibayangna angger wong NU gawe rumah sakit, mbuh karuan mari tapi malah ditahlili ndean…

Pondok pesantren kue ciri khase wong NU, mode pendidikan berbasis kultural. Wong NU paling pinter angger kon ngrumat pesantren, tapi angger kesuwen pesantrene malah pada nggo rebutan anak-anakane (para gus), ngerti dewek lah kyai-kyai NU mbok anake akeh. Jere gemien-gemiene, gara-garane Gus Dur mangkat maring Jakarta ya ora keliya sebab ngindari “perang bathin antar gus” rebutan kekuasaan neng pesantren. Kasus kaya kue mau juga kedadean neng pesantren Krapyak, Yogyakarta. Angger tek mat-mati, dunia pesantren kue anu jiplakane kerajaan, pokoke plek-jiplek. Ibarete kyai kue rajane, begitu rajane mati, gari anak-anake pada geger rebutan warisan (kerajaan). Sing rumangsa kalah bajur mencelot gawe kerajaan anyar, ora beda karo Gus Dur sing mencelot aring Jakarta terus gawe pesantren dewek neng kana. Sing jelas cerita kaya kiye ora nana neng Muhammdiyah.

Kaum Sarungan

Sing jenenge sarung, mbareng depikir-pikir, jebule dudu mung sekedar anggon-anggon, tapi menandakan karakter sing nganggo. Apa pilihan warna sarunge uga priwe model sarungane, menandakan bahwa kae kue sapa. Setuju pora rika?

Jane ora mung sarung thok, kabeh penganggon-anggon sing dienggoni neng nyong-rika pada kue bisa ncritakna sapa sebenere nyong-rika pada. Dadi ora usah cokan pada munafik, blakasuta apa-anane baelah.

Balik maning sarung maning. Sing jelas sarung kue dadi ciri khase wong tradisional. Wong tradisional seh priwe? Aduh, apa yah?

Tinggalkan komentar

Information

This entry was posted on 1 Januari 2012 by in Banyumasan.